Angele Golek Kerjo saiki….


Sedikit guyonan berbahasa Jawa neh bagi pencari kerja.. ย ๐Ÿ™‚

+ Kowe nduwe omah opo ora?
– Dereng….
+ Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
– Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
– Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
+ Yo malah ora ketompo.
– Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
—–
+ Kowe nduwe motor opo ora?
– Mboten.
+ Ora ketompo.
– Lho kok mboten ketompo?
+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
– Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
+ Wah malah ra ketompo….
– Lho kok ngoten?
+ Tempat parkire wis ra cukup.


+ Kowe wis lulus sarjana tenan?
– Sampun Pak….
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah.
– Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
+ Malah ora ketompo…..
– Lho kados pundi to?
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, lek wis lulus mesti golek
kerjo neng perusahaan liyo.
—–
https://ahmadhanafi.wordpress.com/wp-includes/js/tinymce/plugins/wordpress/img/trans.gif
+ Kowe seneng guyon opo ora?
– Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
+ Ra ketompo…..
– Waa… Kok ngoten?
+ Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
– Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
+ Malah ora ketompo.
– Lho kok……
+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu.
—–
+ Kowe mau mrene numpak opo?
– Nitih mobil.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
– Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!
—–
+ Anakmu akeh opo sithik?
– Kathah, Pak.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus.
– Lha wong namung anak adopsi, kok.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.
—–
+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
– Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
– Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Kowe rak mung arep keminter, to?
—–
+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
– Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
– Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?
—–
+ Kowe kerep loro?
– Mboten.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
– Wah, sakjanipun nggih asring.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
—–
+ Kowe biso main internet?
– mBoten.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Perusahaan ora nompo sing sek buta internet.
– Wah, sakjanipun nggih saged.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to?’
—–
+ Kowe waras opo ora?
– Lha, kulo nggih waras to Pak.
+ Ra ketompo.
– Kenging nopo?
+ Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
– Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
+ Malah ra ketompo.
– Pripun to niki?
+ Mengko aku duwe saingan.
– WAAAAAAAAAAAAAAAA!!!!! @#$%#%^#%^$@%!#%$^%#^

[ Gunawan ]
MTI IX Weekend

source : milis kampus.. ๐Ÿ™‚

10 thoughts on “Angele Golek Kerjo saiki….

  1. Asemm ….
    Lucu tenan …
    Sampai terpingkal2 aku …
    Kayake HRD-ne sik nggawe postingan iki ๐Ÿ˜€

    Selamat buat para pencari kerja …

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s